Sabtu, 13 Agustus 2016

MOMONG putu

MOMONG PUTU
   NALIKA ngemong anak mbiyen, Yan anak rewel utawanakal risih bisa nyeneni, nyiwel  utawa  nyetaki.Nanging,bareng saiki momong putu,wiiis..... klipuk,ora bisa uring babar pisan. Tangkebe Mbah Kakung nyang putu Kaya dene mundhi dhwuhe ratu, samubarang  godha penjaluke mesti gurawalan anggone nuruti.
          Pasangan Pak Pujo karo Bu Sulasmi kapetung  wis meh ana seket taun lawase.Mesthine sedhela engkas bakal ngenekake acara “PerkawinanE mas” kaya lumrahe para piyantun sepuh sing wis padaha lulus anggone ngembat pranataning bale wisina nganti tekan seket taun lawase para putra-putrine wis padha menthas, tur wis padha mapan anggone ngupadi pangupajiwa ana ing kutha liya. Neng andalem mung  kari wong loro.
          Kadhang yen wayah lelanggahan,Bu Sulasmi rerasan ngojahake putra-putrine jaman isih cilik-cilik mbiyen.Pak Pujo tanggap ing sasmita, lumrahe yen Nyai ratu ngojahake bocah-bocah ngono kuwi mertandhani yen lagi kangen. Nyatane pancen wis rada suwe ora nate ketemu.Putu wedok loro sing lucu-lucu tur ayu-ayu saka Aisyah Susilawati putrine sing neng Sidoarjo.
          Yen karo putu sing ana Surabaya lanang-lanang, Bu Sulasmi ora pati kangen, jalaran pendhak-pendhak putune iku asring tilik Nganjuk. Nanging yen putu-putu wedok sing neng Sidoarjo isih cilik-cilik, sing mbarep kelas 2 Min Buduran, dene sing nomer loro isih Playgroup kemratu-ratu nedheng lucu-lucune.
          Durung suwe anggone kekojahan dumadakan keprungu swarane bel telepon muni, Pak Pujo njenggirat agahan anggone nampani.
          “Halo, salamu’alaikum....E, kowe ta Ndhuk, enek kabar apa?Apa?...O, rewange mulih?Wadhuh, rak ya sak repotan no kowe? Lha nek ditinggal dines sing nunggoni anak-anakmu sopo? Apa? Aku mbokkon rono? ...Iya iya, gak pa pa. Lha iku ibukmu. Arep ngomong karo bukke ta? Ya ya. sik ya,enteni sedhela.”
          “Bu, iki anakmu, Wati.”
          Bu Sulasmi banjur ngobrol lewat telepon karo putrine sing nomer loro iku... Malah kandhang keprungu swarane Alisah melu ngomong.
          “Sapa iki?Alisah?Oya anak cantik, mana adhik Anis?....masih main? Kalau main nggak boleh jauh jauh ya, nanti digondhol pek-peka lho.....”mangkono seteruse, senajan mung krungu swarane sajake wis bisa marem nambani kangene.Wosing tembug, Aisyah Susilawati nyuwun tulung Bapake  kersa nunggoni putu-putune neng Buduran Sidoarjo sasuwene rewange mulih. Bu Sulasmi wis bisa ditinggal ijin, merga ana ndalem ya enek rewang siji sing sajak gati.
          “Ya wis ta Kung, kana ndang tata-tata, gek ndang budhala selak mesakake Wati ora enek sing ngrewangi momong anake.”
          “Iya, tapi ora saiki budhale.Jare Wati kon sesuk wae, pokok tekan kene budhal esuk tekan kono ra kawanen.”
          Esuk jam 06.30 Pak Pujo nitih bis saka Terminal Nganjuk menyang Surabaya.Tekan Terminal Bungurasih wis jam 09.30. Sadurunge oper line jurusan Sidoarjo, Pak Pujo mampir sarapan rawon karo ngunjuk kopi neng Kantin. Lagi nengah-nengahi sarapan, Hpne muni...Bel saka Aisyah Susilowati, “Halo Pak, Bapak pun ndugi pundi?”
          “Aku wis tekan Bungurasih. Tapi iki jek leren sarapan dhisik...”
          “O nggih Pak,Bapak mboten usah oper line, nunggu kula mawun tak jemput.”
          “Ya, lha nek mbok tinggal njemput aku, anak-anakmu piye?”
          “Lare-lare niki wan pinuju libur, kula jak sedaya.”
       “Ya wis,ngati – ati . Slamu’alaikum.” “ Wa’alaikum salaam.” Pak Pujo di jemput putrine nganggo mobil Nissan Grand – Livina warna grey.Saka Bungurasih terus mampir nyang Giant saperlu blanja.Aisyah ngerti apa kekaremane Bapake,mula nalika blanja ora lali mundhut roti Morrisa langis legit karo kopi three in one Cafemix.
         “Alon – alon Ndhuk, ngati – ati ... Awas,kiri ... Awas,kres “ Sak dalan-dalan Pak Pujo nggremeng terus, karepe supaya putrine iku ngati – ati anggone setiren mobil. Ning Aisyah malah grisinen. “Bapak mendel mawon ta Pak, ra usah ngomandho, aku malah bingong ki ngko.”
          “E alaa, numpak mobill ngeneiki mesthine bisa ngrasakne enak, seneng, kepenak,tapi kok ketir – ketir sarwa kuwatir, ati ra jenak,”
         “Ya ora sah melu mikir Pak,Pasrah wae nyang sing nyopir.”
         Bature Aisyah ana sesasi ora bali. Kepekso sajrone sesasi iku uga Pak Pujo momong putu neng Buduran Sidoarjo... Sasuwene iku, saben dino Pak Pujo di gulet wae karo wayahe loro. Lek sing mbarep Alisah ora masalah jalaran wis gedhe, ora pati nggodha. Ning Anisa sing nomer loro iku, masya Alloh nakale... Saben ana bakul liwat neng ngarep omah, mesthi mlayu marani kung-e,”Kuuuung, belikan itu...”Njul Pak Pujo cucul dhuwit, paling ora lima ribu kanggo bocah loro. Senajan Alisah ora nyuwun, ning yen sing siji di paringi, sing siji ya kudu di paringi. Mengko yen ora ngono harak jeneng wong tuwa kurang adil.
          Sak jane dhuwit apa ta limang ewu rupiah iku? Kanggone Pak Pujo dudu apa – apa. Ning sarehne bola – bali ana bakul jajan liwat, tur Anis nggodha  nyuwun di tukokake, mesthi wae ya rada krasa. Soale,lek bakul  sing liwat mau jroning  sedino enek sepuluh, anggone cucul dhuwit ketemu enek seket. Lha nek sedino di gae rata – rata seket, ketemune sesasi rak wis kethok sak yuta setengah. Iku durung yen bocah – bocah nduwe butuh liya. Umpamane, butuh tuku dolanan, butuh renang nglencer neng pemandian, butuh sangu sekolah yen ibune dong lali gak ninggali jatah...
        Tau pas Anis nyuwun dhuwit kung-e, konangan ibune . Langsung ibune muring – muring,” He Anis!Nggak boleh ya minta uang terus sama Kakung! Kalo udah di kasi sangu Ibu, ya udah itu aja!Nggak boleh minta uang lagi ! Iya kalo kakung punya uang ,kalao nggak?Kamu itu memang nakal ! Boros ! Nggak seperti kakakmu itu hemat. Di sekolahan kan udah di ajari, jangan suka njajan, harus hemat, kalao punya uang di tabung. Hemat itu pangkal kaya! Awas kalau ibu tahu kamu minta uang sama kakung lagi! Takajar kamu!”
Sedino rong ndino Anis ora wani nyuwun dhuwit Kunge. Pak Pujo mesakake banget mirsani wayahe sing sajak tansa klithah – klithih yen weruh ana bakul jajan liwat. Ora suwe, Hp – ne Pak Pujo muni... bareng di angkat, ana sms saka Anissa, Sms di bukak, diwaos,”Kung, aku mintak uang 25 ribu untuk beli boneka barby...”
          Pak Pujo nuruti panyuwune wayahe iku sarana ngati – ati aja nganti konangan Ibune. Yen nganti konangan, wah sidane... sida bilai tenan. Sahrening ora ono dhuwit kepyar, Anis di paringi eketan,”Iki mengko susuk lho ya, susuke paringna Mbak Alis.”
         “Iya Kung.”
         Ora suwe, Alis teka karo kelah nyuwun dhuwit kaya Adhik. Pak Pujo dhawuh,”Mintaken kembaliannya kepada Adhik 25 ribu. Tadi Adhik takkasih uang lima puluh ribu di bagi dua sama kamu.”
         Alisah marani adhine. Ora suwe njur keprungu swarane cah loro tukaran. Pak Pujo enggal marani saperlu misah. Lan urus punya urus, susuke sing slawe ora di wenehake marang mbakyune, ning di gawe tuku dolanan liyane maneh. Dadine, dhuwit seket mung di pek Anissa dhewe. Kepeksa supaya adil tur mbakyune ora meri, Pak Pujo ngetokne dhuwit maneh 50 ribu nggo Alisah. Mesthine mung ngetokke dhuwit 50,malih kepeksa metu dhuwit 100.
         Esuke maneh enek bakul Sari-Roti sing regane larang – larang. Roti sak iris wae regane 1.500. Anissa ngbyarke driji tangane sepuluh karo di tambah ngebyarke driji tangan kiwa lima neng ngarepe kung – e. Tegese,”Nyuwun dhuwit 15.000.” Sarehne putu loro, mula Pak Pujo maringi 30.000 kanggo cah loro. Tapi nyatane,dhuwit 30.000 dipek Aniss dhewe, mbakyune ora dibagehi Kepeksa bareng Alisah kelah nyuwuni ditukokake roti kaya adhike. Pak Pujo banjur maringi dhuwit 30.000 amrih adile.
          Kadhang yen Aisyah Susilowati dhines bengi, Pak Pujo Nungguki putune sing lagi nglepus turu, sinambi ngudarasa, “E alaa...putuku ngger, mbok aja seneng jajan wae. Aja boros... mundhak besuke rabiso sugih. Lek nduwe dhuwit  dicelengi sethithik mbaka sethithik, sedikit sedikit lama- lama jadi bukit.”
          Mobile Aisyah teko. Pak Pujo mbukakke lawang.”Dereng sare ta Pak?”
          “Durung, lagek wae nunggoki arek-arek turu.”
          Bengi iku Pak Pujo jagonga karo Aisyah, “Ndhuk, anakmu iku aja dilulu dhuwit. Tuturana aja sering njajan, aja boros, sing gemi nastiti ngati-ati warahana nabung. Nyelengi...”
          “Mboten kirang-kirang leh kula nuturi, Pak. Tapi pancen Anis niku sing mbandel. Marahi Bapake iku seng mesthi nguja anake. Sembarang panjaluke mesthi dituruti...”
          Esuke Aisyah dines sore. Alisah karo Anis neng omah.”Gek neng ndi leh dola bocah-bocah iki?”batine.
          Pak Pujo nggoleki mrana-mrene, nangin ora ketemu. Ana tengah ndalan weruh bature Aisyah teka  numpak becak. Pak Pujo rumaos lega penggalihe, merga sedhela maneh wis bisa pamid bali nang Nganjuk. Sarehning sayah anggone nggoleki wayahe, Pak Pujo kondur l. Lagi tekan latar, pirsa enenk sepedha mini akeh sing lagi njagrag ngebaki latar. E, jebul wayahe loro lagi teka rombongan sak komunitase, banjur rapat pating cruet mbrebegi kuping. Kringete padha kadhung dleweran, sajak mentas sepedhahan rame rame neng ratan. Pak Pujo banjur ngendek bakul es buah, kabeh didumi sak mangkok-sak mangkok .
          Wayah arep kondur Nangjuk, wayah loro padha ditinggali dhuwit seket- seket.”Terima kasih Kung, terima kasih Kung...” Ngono kandhane karo matur,”kapan Kakung ke sini lagi?”
          “Genti kamu nanti ke Nganjuk kalo ada liburan.”
          “ya Kung...”


          Senajan dhuwit entek dijaluki putune, Pak Pujo rumangsa marem, penggalihe ayem lan tentrem nyawang putrawayah tansah padha ginanjar seger waras...

PENGORBANAN SANG GURU



PENGORBANAN SANG GURU
 Ada seorang murid berguru beladiri, dan guru tersebut bernama joni murid tersebut bernama ricki, murid tersbut salah satu murid yang tidak mengikuti nasihat dari gurunya, dia selalu merasa dirinya paling hebat diantara yang lain selain itu, dia juga selalu mengejek gurunya  tetapi.

            Pada suatu hari, dia latihan beladiri karena si murid tidak bisa akhirnya murid tersebut dipanggil oleh gurunya, dia disuruh belajar dirumah gurunya setiap hari agar dia bisa tetapi dia juga tidak datang kerumah guru tersebut dan selama 1 minggu tidak datang kerumah gurunya, tetapi pada minggu selanjutnya dia datang kerumah guru tersebut, dan dia disambut oleh gurunya beladiri.
            Dia diajarkan cara pemanasan dan lain-lain yang ada dalam beladiri tetapi dia selalu menyepelekan gurunya dia mendengarkan tetapi ddia tidak melakukannya dengan sungguh sungguh dan Pada hari keesokkannya, dia kelihatan berbeda dia latihan sungguh sungguh walau lelah.
            Pada suatu hari, dia sudah mengerti ajaran dari gurunya dia sudah hampir menguasainya, saat dia bertanding dengan gurunya guru tersebut kalah dan terluka pada bagian kepala, tetapi gurunya masih bilang kepada muridnya “Lanjutkan lagi muridku!, aku tidak apa-apa muridku. “Tetapi murid tersebut berhenti dan bertanya “Apakah benar guru baik baik saja?.” Dan guru tersebut berkata “saya tidak apa-apa, saya ikhlas pertaruhkan nyawa saya agar kamu bisa.” Dan tidak lama kemudian guru itu jatuh pingsan.
            Dan oleh muridnya dibawa keRumah Sakit terdekat dan dokter berkata “Tidak apa-apa dia hanya luka pada bagian kepalanya!.” Dan dokter tersebut melarang untuk melatih selama beberapa hari , akhirnya guru tersebut tidak melatih selama 1 Minggu.
            Dan minggu setelah guru tersebut beristirahat dia kembali melatih murid tersebut, dan saat muridnya datang simurid berkata”Apkah guru sudah baikan sehingga bisa melatihku lagi?.” Dan guru tersebut berkata”Benar aku sudah baikan kembali sehingga aku bisa melatih mu kembali!.” Dan akhirnya mereka berlatih kembali.
            Tapi pada suatu hari, diminggu berikutnya siguru ketendang sampai dia pingsan, dan dibawa kembali ke Rumah Sakit terdekat dan di Rumah Sakit tersebut guru itu sadar dan berkata “Buatlah gurumu ini bangga!,dan buatlah orangtuamu bangga!,dan buatlah bangsamu bangga kepadamu!,dan kamu harus berguna bagi bangsa mengharumkan nama bangsa!, sesungguhnya aku masih kuat melatihmu agar kamu bisa dan bisa!, dan aku akan mempertaruhkan nyawaku hanya untuk calon pemimpin bangsa seperti dirimu.”
            Dan murid tersebut menangis hingga simurid tidak bisa menghentikan air matanya dia menangis dan berkata kepada gurunya”Aku janji kepadamu akan mengharumkan bangsa nama bangsa ini, dan akan membanggakan orangtua dan guru dan bangsa, dan berguna bagi bangsa!,dan akumungkin akan menjadi pemimpin bangsa.” Dan tidaklama kemudian guru tersebut meninggal murid tersebut begitu sedih karena kepergian gurunya dia sangat menghargai guru itu walaupun pernah mengejeknya,.
            Dia menyesal atas semua yang dilakukannya dia baru sadar bahwa guru akan mempertaruhkan nyawanya demi calon pemimpin bangsa, dia masih ingat perkataan gurunya pada saat gurunya masih hidup gurunya berkata”Jadikan bangsa ini menjadi bangsa yang maju dan lebih sukses.’ Dan murid tersebut memakamkan guru tersebut di tanah miliknya.
            Ternyata benar apa kata orang kata kata guru dan orang tua adalah doa yang paling mustajab dihadapan allah dan murid tersebut menjadi pemimpin bangsa yang tegas dan  sukses.
KARYA
1.     RADHITYA KUSUMA WICAKSANA
2.     NIZAR FAIRUZAMAN

3.     ABIYYU HAKIM